Jumat, 27 Januari 2012

Karepmu Kepenak


Dina iki aku entuk tugas basa jawa saka Bu Rahma. Tugas iku kudu digarap kelompok. Aku entuk jatah kelompok karo Arin, Herman, karo Johan. Budhal sekolah, aku lan kanca-kanca padha ketemu.


"Cah, anggone nggarap tugas menyang omahku wae ya," akone Johan.
"Sepakat jam 2 kumpul ya," jawabku.




Sabanjur tekan ngomah, Aku cekat-ceket anggone nata buku kang arep dakgawa mengko amarga wis jam setengah 2. Aku mlayu menyang omahe Johan ben aku ora ketinggalan karo kanca-kanca amarga omahku karo omahe Johan rada adoh.

"Kula nuwun," belukku.
"Mangga," jawabe Johan.
"Ayo gek mrene," akone Arin.
"Lo... kok Herman durung mrene Rin? ," takonku.
"Aku ya ora ngerti," jawabe Arin.

Wus tekan halaman 2 anggonku nggarap bebarengan, nanging Herman tetep wae durung ketok. Ora let suwe Herman mlaku katon sante banget ora ngrumangsani kancane suwe anggone ngenteni.

"Kowe kok suwe ta Her? ," takonku.
"La mau lagi mlaku je," jawabe Herman.

Sabanjure tekan ngomahe Johan, si Herman gur dolanan HP wae, ora melu ngewangi anggonku uga kanca-kanca nggarap.

"Her, mbok ayo direwangi ben cepet rampung," rampungku.
"Mengko, aku lagi mumet," jawabe Herman.

Sabanjur iku, Bapake Johan ngandhani marang Herman amarga kawit mau Herman ora ngewangi.

"Her, mbok ya kancamu direwangi, mesakake padha bingung, ora gur sakarepe dhewe, bebasan arep jamure emoh watange," akone Bapake Johan.

"Nggih Pak," jawabe Herman.

Sabanjur iku, Herman melu nggarap nganti rampung bebarengan marang kanca-kancane.

0 komentar:

Posting Komentar

Silahkan berkomentar dengan karya saya,boleh memberikan saran ataupun kritik yang membangun. ^_^

Diberdayakan oleh Blogger.

Ads 468x60px

Social Icons

Featured Posts

Labels

Kategori

Popular Posts

Pengunjung

free counters