Jumat, 27 Januari 2012

Nasibe Astri


Astri, Ari, lan Sari urip ing ngisor jembatan layang. Bocah iku mau ora duwe omah amarga amarga Bapak lan Ibune seda kambrukan omah kontrakan kang dianggo Astri lan kelurgane ngeyup, omah iku mau amblas amarga kadadean longsor telung tahun kepungkur. Saiki Astri ya mung duwe Ari lan Sari. Astri saben dinane ngamen kanggo nguripi dheweke lan adhi-adhine. Uripe Astri pancen susah, ing ngisor jembatan layang iku pancen ora wangun dinggoni amarga reget, jeblok, lan akeh sampah. Takdir wus nggarisake uripe Astri lan para pendhudhuk liyane kang ora duwe omah, nanging kauripan ing jembatan layang iku katon tentrem.

Ing sawijining dina, esuk-esuk para tangga wus rame amarga saka kadohan para Satpol PP wis tata arep nggusur panggonan iku.

"Ari, Sari ayo tangi Dhik," ajake Astri nangekake bocah loro iku mau.
"Piye Mbak," jawabe Sari karo mesem lugu.
"Ayo tangi, Satpol PP wis padha tata, ambu-ambune arep nggusur panggonan iki," akone Astri.
"Ya ayo gek cekat-ceket mlayu Mbak," sambere Ari.

Jebule bocah-bocah iku mau wis telat amarga Satpol PP kisruh ing ngisor jembatan, akeh barang-barang kang dianggo bentrok, paling akeh ya mung watu. Sari banjur mlayu tanpa bisa dhiendhegake. Ora let suwe watu kang diuncalake Satpol PP ora sengaja ngenengi sirahe Sari, dheweke banjur ambruk lan sirahe metu getihe.

"Sariii.... ," bengoke Astri lan mlayu banjur nggendhong Sari adoh saka bentrok iku mau karo Ari.
"Sari, tangi Dhik, mas ora lila yen kelangan kowe," tangise Ari.
"Innalillahi wainnaillaihi rajingun, Sari wis ra ana Ar," tangise Astri.

Bocah loro iku mau banjur nangis ora lila kilangan adhine sing paling cilik. Atine padha ngikhlasake Sari nanging isih perih atine Astri amarga uripe kang wis tentrem dioprak-oprak, bebasan ngothak-athik macan dhedhe.

Sore-sore ing dina iku uga Astri lan Ari melu nguburake Sari bareng korban-korban liyane. Atine Astri lan Ari rada lega amarga kadadean iku wis rampung, masa bodho omahe bocah loro iku mau rubuh digusur Satpol PP.

Sabanjur kadadean iku, Astri lan Ari ngampet rasa ngelih lan padha thethenguk ing ngarep trotoar.

"Dhik, wengi iki ngampet ngelih ndhisik ya," akone Astri marang Ari.
"Iya Mbak," jawabe Ari.

Bocah loro iku mau ngelih nganti jam 8 bengi, dheweke ora mangan saka mau esuk. Sabanjur iku ana mobil kang mandheg ing ngarepe Astri lan Ari.

"Mandheg ndhisik Pak," akone Ibu kang ana ing njero mobil.
"Ya Bu," jawabe garwane.

Ibu iku banjur metu saka mobil uga garwane.

"Ndhuk.. Le, ngapa kok ora mulih ? ," tanglete Ibu mau.
"Mboten Bu, griyane digusur kok," jawabe Ari.
"Sabar ya, iki ana gorengan ndang dimaem ya," akone Ibu mau.
"Nuwun nggih Bu," Astri seneng.

Bocah loro iku mau ngobrol suwe banget marang Bapak lan Ibu mau, jebule jenenge Bu Harti lan Pak Jaka. Tiyang iku mau wis limang tahun nikah kang durung duwe anak, niate Pak Jaka lan Bu Harti arep mupu Astri lan Ari. Pungkasaning crita, Ari lan Astri dadi anake Pak Jaka lan Bu Harti.

0 komentar:

Posting Komentar

Silahkan berkomentar dengan karya saya,boleh memberikan saran ataupun kritik yang membangun. ^_^

Diberdayakan oleh Blogger.

Ads 468x60px

Social Icons

Featured Posts

Labels

Kategori

Popular Posts

Pengunjung

free counters