Sabtu, 07 Januari 2012

Keweden ing Kidul Desa

Ing malem Jemuah Kliwon Nur, Rahmat lan Doni mulih saka masjid. Bocah-bocah iku mau budhal saka shalat isya'.

"Waduh....saiki malem Jemuah Kliwon ya?," takone Rahmat marang kanca-kancane.
"La genah....la ngapa ta Mat?," sambere Nur.
"Aku wingi diwedeni marang bapakku je," jawabe Rahmat.
"La medeni kepiye?," takone Doni karo ngguyu.
"Ya  ngana kae....jarene bapakku yen malem jemuah kliwon ngene kiyi setan-setan pada........."
" Huss...mbok ya sing bener ta ya," sambere Nur lan ora ngenei panggon Rahmat anggone nerusake ceritane.

Bocah-bocah iku mau banjur mlaku karo crita-crita. Sabanjure tekan pertelon, Nur pisah marang kanca-kancane.

"Nur, pisah neng kene ya, aku arep mulih banjur sinau," pamite Rahmat.
"Ya Mat," jawabe Nur.

 Si Nur mlaku rindhik-rindhik anggone mulih. Ing kidul desa, yen arep mulih saka masjid mesthi lewat makam, apa maneh neng ngarep pemakaman iku akeh kembang kamboja kang marai Nur saya jirih.

Sabanjur tekan ing ngarep pemakaman Nur mrinding pas ing wektu iku uga sandale Nur pedhot.
Waduh....sandalku pedhot gek kepiye iki?, batine Nur.

Nur saya wedi amarga wit-witan ing pinggir dalan obah-obah amarga kliwatan angin. Sabanjur iku Nur didemok pundhake karo tangan kang adem, Nur banjur malikake awak lan ngematake kang ndemok pundhake iku mau. Jebule ireng-ireng gur katon putih mata lan untune. Nur banjur mlayu mulih lan ngiculake sandal kang pedhot iku mau.

Sore-sore sabanjur kadadean iku, ana tiyang sepuh mertamu ing omahe Nur.

"Kula nuwun," salame tiyang iku mau.
"Mangga, mlebet rumiyin Pak Mar!," jawabe Nur.

Jebule Pak Marta kang mertamu ana ing omahe Nur. Pak Marta banjur mlebu ing omahe Nur.

"Le...apa iki sandalmu?," tanglete Pak Marta.
"Nggih Pak, menika sandal kula, la kok njenengan saged mbeta sandal kula?," jawab lan takone Nur .
"La iya le....mau bengi kowe mlayu amarga dakdemok pundhakmu," jawabe Pak Marta.
"Ya Allah....wau ndalu menika, bapak ta ?," takone Nur kaget.
"La ya le......iki sandalmu, Bapak pamit ya le," pamite Pak Marta.
"Nggih Pak," jawabe Nur.

Nur isin amarga sandale mau bengi dibalekake marang Pak Marta. Jirihe Nur mau bengi bisa dadi pelajaran supaya anggone ora jirih maneh.

0 komentar:

Posting Komentar

Silahkan berkomentar dengan karya saya,boleh memberikan saran ataupun kritik yang membangun. ^_^

Diberdayakan oleh Blogger.

Ads 468x60px

Social Icons

Featured Posts

Labels

Kategori

Popular Posts

Pengunjung

free counters