Senin, 21 Mei 2012

Kutut Putih

Tak gawa saka ngarep omahku
Lebar tiba kena panah swiwine
Getih lumeber ing tnganku
Yen dakbatin lara rasane

Kutut putih...
Telung sasi daktambani
Supaya bekas panahane ndang mari.
Aku mung bisa nambani nganggo godhong mlandhing

Samben esuk manggung banter
Kandhange obah diambung angin
Samben awan dideleng srengenge
Daksawang kutute wedi

Aku wegah yen kaya mangkono
Dikrangkeng tekan semono
Mbesuk yen wis mari
Banjur arep dakiculake bali

Selendang Abang

Titipan saka eyang kakung
Samben bengi ngancani sinau
Ora leren anggone nunggu
Kesel ngancani nganti ngantuk

Eyang kakung gawe tentreming ati
Ngajari kang becik ora tau lali
Aku dipeseni supaya ora gampang nesu uga sedhih
Eyang kakung uga ora tau nyengeni

Nanging saiki eyang wus tilar
Ora ana maneh kang ngancani aku
Kancaku sinau saiki mung selendang abang
Yen dakeling-eling semelang marai kaku

Suling Lumuten

Uwong pating sliwer ora ana kang ngelirik
Amarga kanggone kurang apik
Dadi pamudha aja mung kakean ngomong
Ora dilakoni uga diarani blong

Suling lumuten...
Para pamudha kudune tumindak kang bener
Aja kakean tumindak ala
Yen ora kepingin diadili negara

Dadi pamudha aja kaya krupuk lan apem
Didemok sithik uwis mlempem
Kudune pamudha iku kaya pari bungkuk
Tansah anjaga sopan, santun, atine uga katon ndhungkluk

Sabtu, 19 Mei 2012

Jer Basuki Mawa Beya

Andari mangkat sekolah katon kesel amarga ngewangi Ibune dagang ndisik sakdurunge menyang sekolah. Sawise tekan sekolah banjur ditakoni marang Ismi.
" Kowe lara ta Ri ?"
" Ora kok Is, aku mung kesel mau ngewangi dagang Ibuku," jawabe Andari.
" O...ya wis yen lara menyang UKS wae ya," akone Ismi.
" Iya Is," jawabe Andari.
Andari iku pancen sregep, amben esuk wus ngewangi Ibune.

Sabanjur iku Pak Rosdiman mlebu kelas uga ndhawuhi Andari menyang kantor. Pak Rosdiman kang wis ngadeg ing ngarep lawang banjur menyang kantor bareng Andari. Sabanjure tekan kantor Andari ditakoni marang Pak Rosdiman kapan anggone mbayar SPP kang nunggak saksemester. Andari durung bisa njawab amarga durung diwenehi dhuwit marang Ibune. Pak Rosdiman banjur ngakon Andari sesuk kudu nggawa Ibune menyang sekolah.

Jumat, 18 Mei 2012

Tangise Bumi Pertiwi

Wit-witan kang dhuwur padha ditegor
Ing bumi pertiwi lemahe katon garing

Saking dene manungsa kang ngangsa
Ora bakal ngerti Gusti bakalan murka

Ing bumi pertiwi dalane akeh kang rusak
Wus bayar pajak nanging urung ana pembangunan
Saking dene manungsa akeh kang korupsi
Saknegara rasane ora dadi siji

Bumi pertiwi kepingin nangis
Akeh bocah kang ora sekolah
Bumi pertiwi kepingin nangis
Akeh pemimpin kang ora kepingin rekasa

Sore Cliring

Srengenge pating kliyup
Cemara pating gayung
Ngrungokake ombak segara kang ambyar
Titipan saka Gusti Maha Karya

Sore cliring
Angin lumaku pating semriwing
Bruweting ati samsaya ilang
Ndelengake indahing donya

Watu karang nangis ngguyu
Didilat ombak kang lumaku
Segara iki ora bakal murga
Yen kita tansah anjaga

Sabtu, 12 Mei 2012

Gugon Tuhon

Gugon tuhon, atau yang disebut juga dengan pamali, merupakan semacam larangan (pepali) yang beredar di kalangan masyarakat Jawa. Umumnya, (istilah) gugon tuhon ini beredar dari orangtua ke anak-anak mereka, atau oleh guru ke muridnya. Gugon tuhon adalah perilaku-perilaku yang kurang pantas dilakukan, dan dipercaya akan mendatangkan kesialan jika dilakukan. Maka, anak-anak diajarkan beberapa hal yang lebih baik tidak dilakukan, meski kadang-kadang sulit diterima akal sehat.
Diberdayakan oleh Blogger.

Ads 468x60px

Social Icons

Featured Posts

Labels

Kategori

Popular Posts

Pengunjung

free counters