Sabtu, 07 April 2012

Sesorah

Sesorah utawi pidhato inggih menika matur wonten ing ngajengipun priyantun kathah ingkang nggadhahi ancas gumathok swasananipun. Priyantun ingkang nglampahi sesorah dipunsebat Pamedhar Sabda.

~Rantamaning Pokok Sesorah
     Ing salebetipun sesorah nggadhahi rantaman/reroncening sesorah, inggih menika :
  1. Salam Pembuka : Ngaturaken salam ingkang sepisan. Tuladhanipun "Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh" kangge priyantun islam. Salam pambuka gumantung kaliyan kawontenanipun priyantun ingkang midhangetaken.
  2. Purwaka : Matur nuwun dhumateng para tamu undhangan saha syukur dhumateng Allah.
  3. Isi : Sedaya prekawis ingkang dipunwedharaken.
  4. Dudutan (kesimpulan) : Inti saking isi ingkang sampun dipunwedharaken.
  5. Pangajeng-ajeng : Pitedah-pitedah saha pangajeng-ajeng sesorah ingkang sampun diwedharaken.
  6. Wasana (panutup) : Atur panuwun saha nyuwun pangapunten bilih wonten kekirangan saha kalepatan anggenipun nyaosi pangertosan.

Contoh Sesorah


Sesorah Ulang tahun Sekolah

Nuwun sewu, saderengipun mugi tinebihna tulaksarik, saha kinalisna saking sarusiku  sikudendha, tuwin tinebihna saking bendu. Bokbilih pribadhi jasad kula ing mriki kumawantun ngadeg ing ngarsa panjenengan sedaya kumedah anyigeg wawan pangandikan  penjenengan sedaya.
Langkung rumiyin sumangga kula dhereaken panjenengan ngunjuaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun gusti ingkang maha Mirah, inggih awit sih nugraha sarta berkahipun, kula panjenengan sami saged pinanggih ing papan mriki  kanthi bagya mulya kalis ing sambikala.
Salajengipun, kula ingkang minangka sesulihipun panitya ngaturaken sugeng rawuh mugi-mugi rawuh panjenengan saged adamel regenging swasana. Awit saking punika kula ngaturaken gunging panuwun. Boten kesupen kula ngaturaken gunging panuwun ugi dhumateng Bapak kepala sekolah ingkang sampun paring idin palilah murih kaleksananipun sedaya pengetan ambal warsa sekolah punika. Ugi ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindan dhumateng bapak saha ibu guru sumrambah karyawan ingkang keparing paring eguh pratikel murih pratitising adicara punika.
Bapak saha ibu sarta kadang-kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya. Dene wosing gati panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika saperlu mengeti dinten ingkang mirunggan punika. Wondene ancas ingkang kinandhut mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke, ningkataken prestasi tuwin akhlakipun para siswa mliginipun.
Ing wasana sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara ing wekdal punika. Kula pribadhi nyuwun lumunturing sih pangaksami menggah solah bawa dalah pranataning basa ingkang tebih saking tata krama tuwin paramasastra.

sumber :  http://kamusjawa.com/contoh-sesorahpidato-ulang-tahun-sekolah-jawa-indonesia.html

1 komentar:

Silahkan berkomentar dengan karya saya,boleh memberikan saran ataupun kritik yang membangun. ^_^

Diberdayakan oleh Blogger.

Ads 468x60px

Social Icons

Featured Posts

Labels

Kategori

Popular Posts

Pengunjung

free counters