Kamis, 12 Januari 2012

Aji Godhong Garing

Bandha pancen barang kang bisa nutup atine uwong, bandha uga bisa marakake edan, nanging yen bandha dianggo ing papan kang becik bisa dadi pahala. Ing dinaku kang dakturut iki nyeritakake salah sakwijining dalan ing uripku. Dakeling-eling nalika telung tahun kepungkur Bapakku lali marang uripku lan Mamakku amarga Bapak kepincut marang wong wadon liyane.

Telung tahun kepungkur, Bapak meksa Mamak yen arep dipoligami. Mamak kaget marang karepe Bapak iku mau.

"Mak, tembungna marang Si Sri yen dheweke arep dakrabeni," akone Bapak.
"Apa Pak,ora salah?," takone Mamak.
"Ora, tembungna ben bisa cepet-cepet Aku rabi karo Si Sri," jawabe Bapak.
"Pak, kowe kui wis duwe anak loro, arep mbok ragati apa Aku karo anakmu?," takone Mamak ngampet nangis.
"Udu urusanku," jawabe Bapak.
"Pokoke Aku wegah yen dimadu," wangsulane Mamak,karo nangis ora kuat mbendhung eluh.

Bapak banjur lunga ora kumecap apa-apa,metu nyat saka ngomah karo mbanting lawang amarga sing dikarepake ora dituruti. Bapak wis suwe cedhak marang Bulik Sri, saben dina Bapak mulih bengi karo Bulik Sri, nanging aku ya mung meneng wae supaya Mamak ora sedhih karo kelakuane Bapak.Sabanjur kadadean iku Mamak mlebu kamar niliki adhik kang wis turu.

"Adhikmu wis turu Ndhuk ?," takone Mamak.
"Sampun Mak, menapa kok njenengan nangis?," takonku.
"Ora kok Ndhuk, kowe gek turu wae wis wengi," dhawuhe Mamak.
"Nggih Mak," jawabku.

Aku banjur mapan turu.

Telung dina sabanjur iku Bapak ngakon Mamak nglamarke marang Bulik Sri.

"Mak, Aku ki gek ndang lamarna," akone Bapak.
"Ora Pak, Aku wegah," jawabe Mamak.
"Yen wegah, dakpegat kowe!," incime Bapak.
"Mendhing kokpegat katimbang kokmadu Pak," jawabe Mamak karo nangis.
"Gek uwis ta Mak," akone Bapak meneh.
"Ya wis Pak, yen kui karepmu dakturuti apa karepmu," jawabe Mamak.

Mamak banjur menyang omahe Bulik Sri ngomongake pesene Bapak mau, Bulik Sri uga gelem dadi bojone Bapak kang kapindho.

Esuke Bulik Sri karo Bapak padha ijab, Aku lan Mamak sibuk beres-beres karo Adhik, rencanane Mamak, Adhik, lan Aku diajak bali ing omahe Mamak ing Desa.

"Mak, la kok Mamak mboten kaliyan Bapak malih, njenengan kok lila Bapak nikah kaliyan Bulik Sri?," takonku.
"E....uwis takdir Ndhuk,awake dhewe kudu bareng-bareng urip," jawabe Mamak.
"Injih Mak," jawabku.

Aku saya suwe ngrasakake perihing atine Mamak kang kelara-lara amarga Bapak ora tanggung jawab, malah dheweke nikah karo Bulik Sri. Mamak, Aku, lan Adhik menyang stasiun, patang jam numpak kreta wis tekan desane Mamak jaman enom mbiyen.

"Nah...iki Ndhuk, omahe awake dhewe sing anyar, sedherhana ning bahagia," terange Mamak.
"Mak, kok mben kaliyan Bapak mawon ?," takone Adhik.
"Ora Ndhuk, Bapak wis karo Bulik Sri," jawabe Mamak marang Adhik sambi menehi eseman perih.

Mamak, Aku, lan Adhik urip ing desa iki ora beda karo neng desane Bapak, ing desa iki rasane mung katon seneng.

Telung tahun sabanjur iku Bapak nggoleki Mamak ing desa iki. Aku lan Adhikku ngumpet ngematake Bapak lan Mamak ketemu.

"Kula nuwun," salame wong ing ngarep omah.
"Mangga," Mamak kaget karo mlebu omah amarga Bapak sing neng ngarep omah nanging digondheli marang Bapak.
"Mengko ndhisik Mak,dakjelaske Mak," peksane Bapak.
"Jelaske apa meneh, kebeh wis cetha," jawabe Mamak karo ngampet eluh.
"Ora Mak, Aku njaluk ngapuramu," jaluke Bapak.
"Nggo apa ngapura, ora ana gunane, Aku ya wis ra ana gunane neng matamu, uripmu wis ana Si Sri sing ndhisik kowe ngakon Aku njaluk keputusan marang dheweke," Mamak nesu.
"Mak, Si Sri ki gur kepingin bandhaku sing daksimpen tekan wingi," jawabe Mamak.
"Apa urusane karo Aku?," sambere Mamak.
"Mak, Aku kepingin urip beberengan karo kowe meneh,ngrawat anak-anakku", jawabe Bapak.
"Yen lagi butuh wae kowe ngomong kayangono," wangsule Mamak.

Aku metu karo nangis.

"Mak, tampa mawon," akonku.
"Ndhuk ," jawabe Mamak sambi marani Aku.
"Yen mboten wutuh keluarga menika kepripun Mak," takonku.
"Mamak.....Mamak wegah kelara-lara kaya wingi Ndhuk," jawabe Mamak.

Saka mburi Adhikku mlayu marani Mamak.

"Gusti Allah mawon maringi ngapunten marang sinten kemawon ingkang ndamel dosa, Mamak ugi kang ngajari kula bersyukur kaliyan maringi ngapunten Mak," akone Adhik.

Mamak ndhekep bocah loro karo ngambungi siji-siji anake.

"Ya wis Pak, yen karepmu mangkono awake dhewe urip beberengan ing ngomah iki," akone Mamak.
"Iya Mak, Aku janji ora bakal ninggalake kowe karo anak-anakku maneh," jawabe Bapak.

Sawise kadadean iku Bapak, Mamak, Aku, lan Adhik urip bebarengan ing omah sedherhana iku.

6 komentar:

  1. nganti tumetes luh ing mripatku maca crita iki, alhamdulillah, akhire bahagia.. :)

    BalasHapus
  2. matur suwun nggih,sampun komen wonten ing blog kula :)

    BalasHapus
  3. wah, cerita cekak kang bisa njebolake luh ing mripat. critane pik lan rancak. isih arang-arang blog kang mosting nganggo basa jawa sing tharik-tharik kaya ngene iki.

    BalasHapus
  4. ra denk critane ndesit........wkwkwkw just kiddink..........

    BalasHapus

Silahkan berkomentar dengan karya saya,boleh memberikan saran ataupun kritik yang membangun. ^_^

Diberdayakan oleh Blogger.

Ads 468x60px

Social Icons

Featured Posts

Labels

Kategori

Popular Posts

Pengunjung

free counters