Sabtu, 07 Januari 2012

Cendana

Cendana iku pancen gadhis kang ayu. Ing desane, Cendana wus terkenal amarga dadi kembang desa. Tumindake pancen apik, sopan, lan gampang bergaul dadi ora gumun yen Cendana dadi wong kang dipercayani marang tangga-tanggane.

Ing sawijining dina, Cendana ketemu karo wong wadon, sajake omahe ana ing kutha. Dandanane wong iku pancen rapih, manis, sedhep yen disawang. Cendana lan wong iku pada ketemu ing dalan kulon desa, banjur Cendana diajak kenalan marang wong kutha mau.

"Jenengmu sapa ?," takone wong kutha iku.
"Jenengku Cendana,lha dhewekmu jenenge sapa?," Cendana balik takon lan ngenehi eseman manis marang wong iku mau.
"Jenengku Dita," jawabe wong kutha iku mau.

Suwe-suwe Cendana nglantur ngobrol marang bocah iku mau.

Cendana kang lugu, diajak neka-neka marang Dita mau lan ngajari ngana-ngene kang durung direteni Cendana kepiye maksude. Cendana ya mung kaya belo melu seton. Jroning ati, Cendana mikirake kang neka-neka karo apa sing dikandakake marang Dita.

Sabanjur iku Cendana diajak Dita menyang kutha. Ing kutha, Cendana ngrasakake ana sing beda karo kahanan ing desa amarga uripe kang mewah-mewah. Dita ngajak Cendana kenalan marang kanca-kancane kang pada kumpul ana ing diskotik. Ing diskotik iku Cendana kang lugu diajak mabuk, mulih-mulih teler kaya wong pethuk.

Ora krasa dhuwite Cendana entek dianggo mabuk. Paribasan sandhing kirik gudhigen, pancen trep karo critane Cendana iki. Dita sing dikirane wong wadon kang apik, jebule mung wong wadon ora genah, saiki apese Cendana kang kahasut marang omongane Dita iku.

Suwe-suwe Cendana tuman marang kebiasaan sing gaweane mabuk-mabukan gara-gara dihasut wong liya, kelakuane wus beda, sing maune apik dadi ala, sing maune sopan dadi ra sopan. Saya suwe tangga-tanggane wis adoh marang dheweke, nanging Cendana mung cuek bebek kaya ora reti kahanan sing dilakni Cendana saiki. Masalah sepele bisa dadi gawe yen ora bisa njaga ati, iman lan awake dhewe, aja mung nuruti nafsu sing metu seka batinr dhewe-dhewe.

Ing sawijining dina,Cendana pingin mbaleni kelakuan ala kang diajarke Dita wingi-wingi, ora liya ya mung teler-teleran menyang diskotik. Cendana lagi ora duwe dhuwit, dheweke jaluk marang Mamake.

"Mak, kowe duwe dhuwit ora?," suarane Cendana ngendika marang Mamakne.
"Ora ndhuk, lha arep dianggo apa, wingi kowe wis njaluk kok ndhuk, saiki ngapa njaluk maneh?," jawabe Mamake Cendana.
"Oalah,yawis!," kasare anake.
"Dhuh Gusti, wonten menapa Cendana dados kasar kaliyan kawula, kawula gadhah lepat menapa dhuh Gusti ?," dongane Mamakne Cendana.

Mamakne Cendana mung bisa ndongakake anake kang berubah marang Gusti Allah lan Mamakne. Saben mbengi Mamakne Cendana nangisi anake kang gaweane nglarani atine wong tuane, muga-muga bisa diparingi pangapura marang Gusti Allah.

Kebiasaane Cendana kang gaweane mabuk-mabukan saiki wus nemoni resikone. Cendana kang ora mandheg mabuk-mabukan nganti telung tahun saiki sekarat. Dheweke mung bisa njaluk ngapura marang Mamake, seminggu sabanjur iku Cendana seda ing Rumah Sakit papan dheweke dirawat amarga over dosis.

0 komentar:

Posting Komentar

Silahkan berkomentar dengan karya saya,boleh memberikan saran ataupun kritik yang membangun. ^_^

Diberdayakan oleh Blogger.

Ads 468x60px

Social Icons

Featured Posts

Labels

Kategori

Popular Posts

Pengunjung

free counters