Sabtu, 12 Januari 2013

Ora Sumbut

Dina iki ing SMP Semanggi, para siswa mangkat sekolah sawise prei dawa Hari Raya Idul Fitri. Ing SMP Smanggi iku uga ana murid kang diarani Danik, Ririn, lan Susi. Bocah iku mau wus kondhang ing SMP Semanggi amarga tingkahe sing kenes nanging ora sumbut, Bapak lan Ibu Guru pada duwe sebutan marang bocah iku mau yaiku "Trio Kenes". "Trio Kenes" iku mau beda karo Ratri. Ratri bocahe menengan, anteng, uga pinter.

Esuk-esuk ing kelas VIII B,panggonane "Trio Kenes" uga Ratri sinau wis padha rame. Ing dina uga "Trio Kenes" ameh gawe sedhih ing atine Ratri. Pisanan Danik mlaku ing mejane Ratri lan takon.

"Garapanmu ngandi Rat?," takone Danik.
"La iki," jawabe Ratri.
"Ndi,dakgawane!," Danik nyaut bukune Ratri.
"Aja Nik, anggonku nggarap daklembur, apa kowe ora mesakake Aku?,"  belane Ratri.
"Rak ya gur sithik ta?," jawabe Danik ngeles.

"Trio Kenes" padha madhep mburi anggone nyonto, Ratri ya mung meneng wae uga sabar. Ing wektu iku uga Bu Isti, guru biologi ing kelas VIII B rawuh lan ngerti anggone Ratri diincim marang "Trio Kenes", banjur Bu Isti marani "Trio Kenes" iku mau.

"Danik, Ririn, Susi kowe ki padha ngapa ta ya?," ngendikane Bu Isti marang bocah-bocah iku mau sambi njewer kupinge "Trio Kenes" mbaka siji.
"Mboten menapa-napa kok Bu," Ririn ngeles.
"Ora ngapa-ngapa piye, kowe nurun garapane kancamu kok piye?," jawabe Bu Isti.
"Bu Is,nyuwun pangapunten," belane Susi.
"Ngapunten piye, ayo mlaku menyang lapangan upacara!," ajake Bu Isti.
"Nggih Bu," jawabe "Trio Kenes".
"Anak-anak, wulangan 3 digarap ya, Ibu tak metu sedhela!," ngendikane Bu Isti.
"Nggih Bu," jawabe murid-murid.

Sabanjure tekan lapangan upacara, "Trio Kenes" iku mau dideg ing tengah lapangan.

"Saiki kowe ngadeg neng kene, hormat ing gendera, sikil kiwa diangkat aja diuculke yen Ibu durung mrene," ngendikane Bu Isti.

Wis sakjam suwene "Trio Kenes" iku dideg, bocah iku mau padha kepanasan uga ngelak.Sabanjur iku Bu Isti ningali "Trio Kenes" ana ing lapangan upacara.

"Wis kapok durung cah?," ngendikane Bu Isti.
"Sampun bu,kula nyuwun pangapunten," belane Ririn.
"La ya aja njaluk ngapura marang aku,iki janjane wis ireng durung kowe kuwi Cah?," ngendikane Bu Isti.
"Sampun Bu," jawabe Susi.
"Ya wis,saiki padha njaluka ngapura marang Ratri," ajake Bu Isti.

"Trio Kenes" padha mlebu kelas bareng Bu Isti.

Danik, Ririn, uga Susi njaluk ngapura marang Ratri.

"Aku njaluk ngapura ya Rat," Danik njaluk ngapura marang Ratri disusul Ririn, lan Susi.
"Ya, dakngapura," jawabe Ratri.

Sabanjur iku "Trio Kenes" metu saka kelas mutung amarga wektu iku wis istirahat.

"Oalah....kanca-kancaku kok kowe ki mutungan, opo kowe ki ora isin?," Ratri gumun.
"La ya Rat, kancamu kae ki pancen aneh, sesuk maneh yen kowe diganggu lapor Ibu wae ya Ndhuk, salahe dhewe kok nurun garapane wong liya," ngendikane Bu Isti.
"La nggih Bu,matur suwun nggioh Bu," Ratri lega.
"Ya Ndhuk," jawabe Bu Isti.

8 komentar:

  1. Wah apek tenan vit blogmu,............... tingkatke neh yow,... supayane bisa luwih apek neh.

    BalasHapus
  2. uabrak gawe blog..............ramboizt ngnw lue"..........
    nenk eo ra pow" denk calut atas karya cendiri...........

    BalasHapus
  3. tingkat kan critane ...... moga critanya bisa jadi pelajaran buat orang lain "-"

    BalasHapus
  4. tingkat kan critane ...... moga critanya bisa jadi pelajaran buat orang lain "-"

    BalasHapus
  5. tingkat kan critane ...... moga critanya bisa jadi pelajaran buat orang lain "-"

    BalasHapus

Silahkan berkomentar dengan karya saya,boleh memberikan saran ataupun kritik yang membangun. ^_^

Diberdayakan oleh Blogger.

Ads 468x60px

Social Icons

Featured Posts

Labels

Kategori

Popular Posts

Pengunjung

free counters