Sabtu, 19 Mei 2012

Jer Basuki Mawa Beya

Andari mangkat sekolah katon kesel amarga ngewangi Ibune dagang ndisik sakdurunge menyang sekolah. Sawise tekan sekolah banjur ditakoni marang Ismi.
" Kowe lara ta Ri ?"
" Ora kok Is, aku mung kesel mau ngewangi dagang Ibuku," jawabe Andari.
" O...ya wis yen lara menyang UKS wae ya," akone Ismi.
" Iya Is," jawabe Andari.
Andari iku pancen sregep, amben esuk wus ngewangi Ibune.

Sabanjur iku Pak Rosdiman mlebu kelas uga ndhawuhi Andari menyang kantor. Pak Rosdiman kang wis ngadeg ing ngarep lawang banjur menyang kantor bareng Andari. Sabanjure tekan kantor Andari ditakoni marang Pak Rosdiman kapan anggone mbayar SPP kang nunggak saksemester. Andari durung bisa njawab amarga durung diwenehi dhuwit marang Ibune. Pak Rosdiman banjur ngakon Andari sesuk kudu nggawa Ibune menyang sekolah.

Esuke Ibune Andari menyang sekolahan banjur njujug kantor uga ketemu marang Pak Rosdiman. Sabanjure ketemu Ibune Andari takon marang Pak Rosdiman.
" Wonten menapa kok kula didhawuhi mriki Pak? "
" Iki anakmu durung bayar SPP saksemester," jawabe Pak Rosdiman.
" Kula dereng gadhah arta Pak, yen kula gadhah bakalan kula lunasi," belane.
" Iki masalahe akeh cacahe pihak sekolah arep nganggo dhuwit kekurangan kui," sambere Pak Rosdiman.
" La kula nggih dereng gadhah arta Pak, kagem nedhi mawon mboten cekap," jawabe Ibune Andari.
" Ya wis, yen ora bisa nglunasi sesuk mending anakmu ora usah sekolah wae," incime Pak Rosdiman.
" Nggih sampun Pak, kula pamit mawon," pamite karo eluh pating tumetes.

Sabanjure tekan ngarepan sekolah Andari ketemu marang Ibune kang lagi nangis. Banjur Andari takon marang Ibune.
" Bu, njenengan kenging napa kok nangis?"
" Kowe sesuk ora oleh sekolah Ri,  Ibu njaluk ngapura ora bisa bayar SPPmu sing saksemester kae," jawabe.
" Nggih sampun Bu, kula mboten sekolah mboten menapa kok, kula dagang kaliyan Ibu mawon," jawabe Andari.
" Ora apa-apa ya Ndhuk, Ibu reti kowe isih kepingin sekolah nanging Ibu ora duwe apa-apa lebar Bapakmu lunga kae," tangise Ibune Andari.
" Nggih Bu, jer basuki mawa beya kok, yen temenanan mboten gadhah biaya kula milih ngewangi Ibu mawon," jawabe Andari gawe trenyuh Ibune.
Eluhe Ibune Andari diilangi marang anake, banjur Andari lan Ibune menyang mulih.



NB : Seharusnya Pemerintah tak menginginkan hal tersebut terjadi, maka diharapakan pendidikan di Indonesia merata walaupun sampai pelosok negeri karena bagaimanapun juga Anak Bangsa yang baik berasal dari pendidikan serta karakter siswa yang baik pula.

0 komentar:

Posting Komentar

Silahkan berkomentar dengan karya saya,boleh memberikan saran ataupun kritik yang membangun. ^_^

Diberdayakan oleh Blogger.

Ads 468x60px

Social Icons

Featured Posts

Labels

Kategori

Popular Posts

Pengunjung

free counters