Senin, 21 Mei 2012

Kutut Putih

Tak gawa saka ngarep omahku
Lebar tiba kena panah swiwine
Getih lumeber ing tnganku
Yen dakbatin lara rasane

Kutut putih...
Telung sasi daktambani
Supaya bekas panahane ndang mari.
Aku mung bisa nambani nganggo godhong mlandhing

Samben esuk manggung banter
Kandhange obah diambung angin
Samben awan dideleng srengenge
Daksawang kutute wedi

Aku wegah yen kaya mangkono
Dikrangkeng tekan semono
Mbesuk yen wis mari
Banjur arep dakiculake bali

Selendang Abang

Titipan saka eyang kakung
Samben bengi ngancani sinau
Ora leren anggone nunggu
Kesel ngancani nganti ngantuk

Eyang kakung gawe tentreming ati
Ngajari kang becik ora tau lali
Aku dipeseni supaya ora gampang nesu uga sedhih
Eyang kakung uga ora tau nyengeni

Nanging saiki eyang wus tilar
Ora ana maneh kang ngancani aku
Kancaku sinau saiki mung selendang abang
Yen dakeling-eling semelang marai kaku

Suling Lumuten

Uwong pating sliwer ora ana kang ngelirik
Amarga kanggone kurang apik
Dadi pamudha aja mung kakean ngomong
Ora dilakoni uga diarani blong

Suling lumuten...
Para pamudha kudune tumindak kang bener
Aja kakean tumindak ala
Yen ora kepingin diadili negara

Dadi pamudha aja kaya krupuk lan apem
Didemok sithik uwis mlempem
Kudune pamudha iku kaya pari bungkuk
Tansah anjaga sopan, santun, atine uga katon ndhungkluk

Sabtu, 19 Mei 2012

Jer Basuki Mawa Beya

Andari mangkat sekolah katon kesel amarga ngewangi Ibune dagang ndisik sakdurunge menyang sekolah. Sawise tekan sekolah banjur ditakoni marang Ismi.
" Kowe lara ta Ri ?"
" Ora kok Is, aku mung kesel mau ngewangi dagang Ibuku," jawabe Andari.
" O...ya wis yen lara menyang UKS wae ya," akone Ismi.
" Iya Is," jawabe Andari.
Andari iku pancen sregep, amben esuk wus ngewangi Ibune.

Sabanjur iku Pak Rosdiman mlebu kelas uga ndhawuhi Andari menyang kantor. Pak Rosdiman kang wis ngadeg ing ngarep lawang banjur menyang kantor bareng Andari. Sabanjure tekan kantor Andari ditakoni marang Pak Rosdiman kapan anggone mbayar SPP kang nunggak saksemester. Andari durung bisa njawab amarga durung diwenehi dhuwit marang Ibune. Pak Rosdiman banjur ngakon Andari sesuk kudu nggawa Ibune menyang sekolah.

Jumat, 18 Mei 2012

Tangise Bumi Pertiwi

Wit-witan kang dhuwur padha ditegor
Ing bumi pertiwi lemahe katon garing

Saking dene manungsa kang ngangsa
Ora bakal ngerti Gusti bakalan murka

Ing bumi pertiwi dalane akeh kang rusak
Wus bayar pajak nanging urung ana pembangunan
Saking dene manungsa akeh kang korupsi
Saknegara rasane ora dadi siji

Bumi pertiwi kepingin nangis
Akeh bocah kang ora sekolah
Bumi pertiwi kepingin nangis
Akeh pemimpin kang ora kepingin rekasa

Sore Cliring

Srengenge pating kliyup
Cemara pating gayung
Ngrungokake ombak segara kang ambyar
Titipan saka Gusti Maha Karya

Sore cliring
Angin lumaku pating semriwing
Bruweting ati samsaya ilang
Ndelengake indahing donya

Watu karang nangis ngguyu
Didilat ombak kang lumaku
Segara iki ora bakal murga
Yen kita tansah anjaga

Sabtu, 12 Mei 2012

Gugon Tuhon

Gugon tuhon, atau yang disebut juga dengan pamali, merupakan semacam larangan (pepali) yang beredar di kalangan masyarakat Jawa. Umumnya, (istilah) gugon tuhon ini beredar dari orangtua ke anak-anak mereka, atau oleh guru ke muridnya. Gugon tuhon adalah perilaku-perilaku yang kurang pantas dilakukan, dan dipercaya akan mendatangkan kesialan jika dilakukan. Maka, anak-anak diajarkan beberapa hal yang lebih baik tidak dilakukan, meski kadang-kadang sulit diterima akal sehat.

Rabu, 18 April 2012

Lintang

Krelap-krelip indahing warnamu
Samsaya indah dikancani wulanmu
Angin kang lumaku
Agawe pating jlerit cendela kamarku

Wit randhu uga mangawe-awe
Tentreming ati wus metu rasane
Wulan bungkuk katon pucet
Nanging kang ngematake ora melu semruwet

Lintang...
Indahing warnamu nentremake donya
Wengi kang sepi iki
Rasane ora bakal arep lali

Sabtu, 07 April 2012

Sesorah

Sesorah utawi pidhato inggih menika matur wonten ing ngajengipun priyantun kathah ingkang nggadhahi ancas gumathok swasananipun. Priyantun ingkang nglampahi sesorah dipunsebat Pamedhar Sabda.

~Rantamaning Pokok Sesorah
     Ing salebetipun sesorah nggadhahi rantaman/reroncening sesorah, inggih menika :
  1. Salam Pembuka : Ngaturaken salam ingkang sepisan. Tuladhanipun "Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh" kangge priyantun islam. Salam pambuka gumantung kaliyan kawontenanipun priyantun ingkang midhangetaken.
  2. Purwaka : Matur nuwun dhumateng para tamu undhangan saha syukur dhumateng Allah.
  3. Isi : Sedaya prekawis ingkang dipunwedharaken.
  4. Dudutan (kesimpulan) : Inti saking isi ingkang sampun dipunwedharaken.

Rabu, 28 Maret 2012

Disumpah Wong Tua

Ing sawijining dina, Damar njaluk pamit marang wong tuane kepingin kerja menyang Kalimantan. Atine Damar katon sedhih amarga ora tega ninggal wong tuane ing desa.
"Mbok, aku sesuk arep menyang Kalimantan, apik-apik neng kene aku uga njaluk dongane," pamite Damar.
"Iya le, dakdongakake," jawabe Ibune Damar.
"Aku njaluk dongane ya Pak," pamite Damar marang bapakne.
"Iya le"
Esuke Damar banjur menyang pelabuhan. Sedhih rasane wong tuane Damar ditinggal anake.

Wus patang sasi Damar ora menehi kabar marang wong tuane, banjur Ibune Damar ngirim surat kanggo anake. Damar menehi alamat kerjane limang sasi kepungkur. Ibune Damar ngirim surat kanggo anake amarga Bapakne lara. Seminggu sabanjur iku Damar mbalesi surat saka Ibune, nanging isine Damar lagi sibuk ora bisa mulih ing jawa wektu iku uga.

Telung minggu sabanjur iku kesehatane Bapakne Damar saya ora apik amarga lara TBC ora langsung ditambakake. Tekan patine Bapake Damar, Ibune Damar anggone ngirim surat ora tau ditanggepi apik amarga jawabane mung sibuk. Ibune Damar nesu saking nesune banjur nyumpahi Damar.
"Mar, kowe kok ora tau ngerteni Ibumu iki, aku kebacut lara, tekan patine Bapakmu kowe ora mulih, atimu kokdeleh ngendi ta le? Kowe mbesuk bakalan ora bisa mlaku ! "

Sesasi sabanjur iku Damar mulih ora bisa mlaku maneh. Ibune Damar tetep nrima damar apa anane amarga kepiye kae Damar isih iku anake.

Selasa, 20 Maret 2012

Bayar SPP

Uripku pancen ora duwe apa-apa, nanging aku ya mung bisa ndedonga marang Gusti Allah amarga nduweni Mamak kang sayang marang aku. Ing uripku kang sedherhana iki, Mamakku sabar anggone nyawang kahanan amarga Bapak kang wus ninggalake Mamak amarga Bapak rabi marang wong wadon liyane yaiku Bulik Marni.


Lebar adus aku ndeleng kalendher, jebule wis tanggal 25 jatahe bayar SPP. Ing dina iku uga aku njaluk dhuwit marang Mamak jroning ati rada ora tega anggonku njaluk, nanging kepiye maneh Bapak ya ora duwe niat ngragati aku. Aku banjur mlayu menyang pawon nemoni Mamak.

"Mak," belukku.
"Apa Ndhuk?," jawabe Mamak.
"Mak, sakniki sampun tanggal 25 je, kula didhawuhi Bu Guru bayar SPP, Mamak gadhah arta mboten?," takonku.
"Ora Ndhuk, ngapurane, mbok ya dicoba wae njaluk marang Bapakmu, kepiye kae Bapakmu ki isih duwe kewajiban ngragati kowe," sarane Mamak.
"La Bapak sampun mboten peduli kaliyan kita kok Mak," omongku.
"Ndhuk, ora usah wedi, kabeh mbelani kowe kok, percaya ta karo Mamak" tuture Mamak.
"Nggih Mak," jawabku.

Awan iki pancen pans, nanging aku tetep mlaku menyang omahe Bapak sing anyar. Pancen sedhih ati iki ngematake Bapak sing ora kopen, awake kuru kaya ora nedha telung sasi. E...pancen wis dalane urip, aku banjur ngomong marang Bapak kekarepanku mrene arep ngapa.

"Pak," belukku mapasi Bapak neng ngarepan.
"Ngapa!," sentake Bapak.
"Mesthi arep njaluk dhuwit ta!," saka mburi Bulik Marni njawabi, nanging kepiye maneh, aku ora bisa wangsulan amarga Bulik Marni wis dadi garwane Bapak.
"Nggih Bu," jawabku.
"Kowe kuwi apa-apa mesthi dhuwit, mbok ya njaluk Mamakmu pa piye, ngapa kok isih njaluk Bapakmu," ngendikane Bulik Marni.
"Uwis...uwis menenga kabeh," akone Bapak.
"Uwis...meneng Mar!," sentake Bapak.
"Saiki karepmu kepiye Ndhuk?," takone Bapak.
"Kula nyuwun arta kagem bayar SPP Pak," omongku.
"Aku ora duwe dhuwit, saiki mendhing kowe mulih wae!," sentake Bapak.
"Nggih sampun Pak, kula pamit rumiyin," pamitku.

Aku banjur mulih lan ngomong karo Mamak, neng dalan eluhku dakampet. Bendhunganku saya saya suwe saya ciut. Sabanjure tekan ngomah aku mlebu ngomah tanpa salam, Mamak ing ngarepku daktabrak.

"Kenapa Ndhuk?," takone Mamak.
"Kula mboten mbeta Mak," jawabku.
"Nggawa apa ta?," takone Mamak maneh.
"Oalah....ya wis Ndhuk, yen pancene mangkana dicicil wae, ngapurane ya Ndhuk,"akone Mamak.
"Mboten kok Mak, kula gadhah celengan, mbok menawa cekap kagem bayar SPP," omongku.
"La jaremu arep koknggo tuku sepatu?," takone Mamak.
"Sepatu wingking mawon Mak," jawabku.
"Ya wis, yen mangkono aja sedhih maneh ya," akone Mamak.
"Nggih Mak," jawabku.

Esuke aku mbongkar celengan kucingku, aku rada ora kepenak, nanging kepiye maneh, dina iku kudu bayar SPP.

"Kucing...kowe dakpecah ya, kanggo bayar SPPku".

Pyarr...dhuwit tabunganku padha mlayu, nanging ora ngapa-ngapa kanggo bayar SPPku. Dina iku uga dakbayarake biaya SPPku.
Diberdayakan oleh Blogger.

Ads 468x60px

Social Icons

Featured Posts

Labels

Kategori

Popular Posts

Pengunjung

free counters