Senin, 09 Januari 2012

Panji

Sekolahan iki akeh kanca kang beda-beda sifate, ana sing nggleleng, kemaki, kemayu, kuminter, loma lan liya-liyane. Ing sekolahan iki uga aku kenal bocah sing jenenge Panji, bocahe pancen nggleleng sinau akademik ora tau mudeng,nanging dheweke nduweni prestasi bidang olahraga.

Ing sawijining dina,sekolah ngadakake acara kang dijenengake "Dhimas Dhiajeng". Acara iki nduweni maksud kanggo nambah katresnan marang budaya jawa,amarga ing acara iki pasartane padha nganggo busana jawa lan nglatih akademik.
Mata pelajaran kang diujikake yaiku Basa Jawa,Basa Inggris,lan Pengetahuan Umum.

"Dhimas Dhiajeng" dilaksanakake dina iki,Panji ya mung tanpa persiapan apa-apa sakliyane latihan mlaku. Panji sing gaweane celelekan saya ndadra ing acara iku.

Para pasarta padha baris lan nduwe wektu dhewe-dhewe kanggo njupuk undhian uga njawab pertanyaan mapel kang wis diundhiake. Giliran Panji entuk jatah njupuk undhian.

"Dhumateng Dhimas Panji Wibisono kepurih mundhut undhian," akone Mbak sing ngisi acara, Mbak Eni.

Panji banjur njupuk undhian.

"Bahasa Inggris," jawabe Mas sing ngisi acara,Mas Isnan.
"Modar aku !," sentake Panji kaget.

Panji kaget amarga ora bisa pelajaran Basa Inggris. Gelem ora gelem iku wis jatahe. Pitakon-pitakon metu mboko siji,kabeh pertanyaan ora eneng sing bisa dijawab bener,ibarat le takon ngulon anggone njawab ngidul suwe-suwe Panji bingung lan kringet dhingin marai dheweke nyerah.
Bubar kadadean iku,Panji sadar lan kepingin nglakoni sifat kang becik.

"Wah....Aku isin,ora arep dakbalaleni kaya mau kae,Aku arep ngrubah awakku,dongakke wae ngglelengku bisa mendha ya Vit," omonge Panji marang Aku.
"Amin...yen kowe pancen duwe niat arep ngrubah sifatmu dadi luwih apik," jawabku.

2 komentar:

  1. alah.....kepet............
    critane koyo kutu kuprettttttttttttttt.............

    BalasHapus

Silahkan berkomentar dengan karya saya,boleh memberikan saran ataupun kritik yang membangun. ^_^

Diberdayakan oleh Blogger.

Ads 468x60px

Social Icons

Featured Posts

Labels

Kategori

Popular Posts

Pengunjung

free counters