Sabanjure entuk angkot, ing Prapatan Gendhing ana penumpang liyane. Penumpang iku ana telu lanang kabeh, ora let suwe Santi ditodhong marang telu iku mau jebule copet.
"Kekne HPmu marang Aku!," akone copet iku.
"Alah kesuwen," sentake.
"Nyoh....nanging jupukke kertuku ndhisik njut jupuken HPne," akone Santi.
Copet sing dinei HPne Santi suwe banget anggone mbuka slot kertu HPne Santi. Nganti kringeten si copet anggone mbuka slote.
"Uwis urung ta, suwe tenan?," takone Santi.
"Urung je, angel Mbak," jawabe copet.
"Mangkane dadi copet ki sing profesional ya Le," akone Santi.
"Angel Mbak," jarene copet.
"Yen raiso kana gek metu mulih," akone Santi.
"Iya lah Mbak, Aku dakmulih wae, Aku njaluk ngapura ya Mbak," jawabe copet.
Copet iku banjur metu saka angkot.
"Huuu.....dasar copet ndesit (ndeso), gur mbuka slot ngene we raiso, andekneo umuk dadi copet," sambere Santi.
Pak supir ya mung ngguyu, sing maune ora ngewangi Santi.
pengalaman pribadi pwh pye.............
BalasHapusoa jje nem
BalasHapus