Jumat, 03 Februari 2012

Bu Cici

Ing desa Cemara, ana ibu kang seneng mbedakake anggone seduluran, jenenge Bu Cici. Dheweke kadhangkala disengiti amarga sipate kang umuk marang apa kang diduweni. Apa maneh pas menyang acara nikahan ing ngomahe Bu Ratna sore kae, kabeh diumukake ing ngarepe wong-wong akeh.

"Iki lo, tasku iki saka Paris, import limited edition maneh alias edisi terbatas," pamere Bu Cici.
"Iya Mbak, aku percaya," jawabe Bu Ratna.


Kawit mau Bu Cici ipris wae, Bu Ratna nganti jeleh anggone nyauri. Sabanjur iku Bu Cici mulih saka acara kondhangan iku. Sabanjure tekan ngomah ana uwong kang nggoleki dheweke.

"Kula nuwun," salame wong iku.
"Ngko sik," jawabe Bu Cici.

Jebule Dian kang ana ing ngarep omahe Bu Cici. Janjane Bu Cici ora seneng Dian menyang omahe amarga kumel, reget, pengu maneh. Bu Cici ya mung singkat-singkat anggone njawabi.

"Ngapa Yan?," takone Bu Cici.
"Nyuwun ngapunten Bu, kula pareng nyuwun sekul kula saking wau enjing mboten nedhi," jawabe Dian.

Bu Cisi banjur mlebu lan njupukake sega banjur menehake segane. Bu Cici anggone menehake ora ikhlas.

"Nyoh Yan gek dipangan," akone Bu Cici kasar.
"Mboten sios Bu, njenengan anggene maringaken sampun ndamel kula wareg," jawabe Dian karo nangis ngampet ngelih.

Bu Cici ngrasa salah lan esuke njaluk ngapura marang Dian. Bu Cici uga sadhar anggone kadang konang iku ora ana gunane.

0 komentar:

Posting Komentar

Silahkan berkomentar dengan karya saya,boleh memberikan saran ataupun kritik yang membangun. ^_^

Diberdayakan oleh Blogger.

Ads 468x60px

Social Icons

Featured Posts

Labels

Kategori

Popular Posts

Pengunjung

free counters