Sabtu, 04 Februari 2012

Sing Penting Halal

Paimin kerjane dadi buruh ing kebon klapa sawit. Gajine pancen ora sepira nanging Paimin seneng karo pakaryane amarga halal uga ora marai rugi wong liyane.

"Alhamdulillah...sanajan gajiku sithik, nanging ora ngapa-ngapa sing penting halal, mendhingan dadi buruh ngene kiyi katimbang dadi pejabat kakean nyolongi dhuwite negara, mesakake sing mbayar pajek yen marai rakyat cilik rugi, hehehe," syukure Paimin.

Sabanjur iku Paimin mulih saka kebun klapa sawit jam 5 sore. Sawise tekan ngomah ana uwong kang mertamu ing ngomahe.

"Kula nuwun," salame.
"Mangga," jawabe Paimin jebule sing mertamu Yudi.
"Aku Min," sambere Yudi.
"Oalah...kowe ta Yud, ayo gek mlebu," akone Paimin.

Yudi banjur mlebu lan ngobrol karo Paimin. Jarene ing kutha ana pakaryan kang gajine lumayan ora kaya gajine buruh klapa sawit.

"Ngene Min, niatku mrene arep ngajak kowe menyang kutha, kira-kira kowe gelem ora?," takone Yudi.
"La arep ngapa menyang kutha barang?," takone Paimin genti.
"Nganu, aku duwe pakaryan kanggo kowe, katimbang kowe mung dadi buruh ning penghasilane ya lumayan," tuture Yudi.
"Ya sesuk dakmelu," jawabe Paimin tanpa takon kerjaane iku apa.

Esuke Yudi lan Paimin menyang kutha. Sabanjur iku Paimin lan Yudi wus tekan kutha, Paimin kaget amarga pakaryan kang dilakoni marang Yudi iku dadi preman. Paimin kaget uga ora tegel lan esuke Paimin arep mulih menyang desa. Mendhungan aku kerja dadi buruh katimbang mangkono anggone nglakoni pakaryan dadi preman, batine Paimin.

Dian iki Paimin mulih menyang desa, nglakoni pakaryan kang becik lan ora dadi preman kaya kang diajarake marang Yudi.

2 komentar:

  1. Wha a nice blog :D

    visit my blog please :)
    http://batavianist.blogspot.com/

    BalasHapus

Silahkan berkomentar dengan karya saya,boleh memberikan saran ataupun kritik yang membangun. ^_^

Diberdayakan oleh Blogger.

Ads 468x60px

Social Icons

Featured Posts

Labels

Kategori

Popular Posts

Pengunjung

free counters