Sabtu, 03 Maret 2012

Awakku

Ngeyel, sipat kang dakduweni tekan wayah iki. Akeh kang sengit karo aku amarga ngeyelku iku mau. Rasane kepingin nesu karo awakku dhewe nanging apa ya bisa ? Sipatku mau ya mung dakuja nganti ndadra malah nambahi perkara.

Aku kelingan dina wingi, dhewekku malh pacaran konangan marang tanggaku. Tambah perkara maneh aku, dasar ngeyel ora bisa dakbendhung, malah tanggaku kui mau crita marang Bapakku, rak ya saya modar aku.

Mulih saka pacaran iku mau Bapak malah ndelengi aku ora bisa santai. Aku rada wedi ngematake Bapak, mendhing mlipir bali mundur, yen daksauri mengko malah saya dawa urusane. Wah, mesthi rep ditakono iki, batinku.


"Saka ngandi kowe?," takone Bapak.
"Emm...mboten saking pundi-pundi kok Pak," jawabku.

Tenan ta ditakoni, anggonku njawab ya gur ngak-nguk. Aku mandheg ing ngarepan ora awani mlebu, banjur Bapak takon maneh.

"Kowe saka pacaran ya?," takone Bapak maneh.
"Mboten kok Pak, kula mboren gadhah pacar," jawabku ngapusi.
Aku mlebu ngomah rada wedi amarga Bapak mbeluki aku ora dakgubris. Sabanjur iku njujug ing mburi omah, aku malah gentian ditakoni marang Eyang, suwe-suwe aku edan yen ngene kiyi, batinku.

"Ndhuk, saka ngandi, pacaran ta ?," takone Eyang.
"Nganu....saking griyane rencang kula yang," jawabku ngapusi maneh.

Saka mburi Bapak marani Eyang.

"Ora usah ngapusi, aku dikandhani Marni," sambere Bapak.
"Mboten kok Pak," jawabku.
"Uwis ta, ora usah padha rame apa kowe ora isin, saru dirungokake tangga," akone Eyang.
"Saiki karepmu kepiye Ndhuk, aku reti yen kowe pacare Enggar ta, bocah ora nggenah kae, aku ora seneng karo dheweke, kowe suwe-suwe malah dadi ora nggenah kaya Enggar," sentake Bapak.
"Walah Pak," wangsulku.
"Kowe kuwi Ndhuk, wangsulan wae yen dikandhani, kowe saiki milih wae, yen kowe ora manut karo Bapak, mendhing Bapak wae sing lunga," tangise Bapak.

Aku ora bisa milih, ning aku luwih tresna karo Bapak katimbang Enggar.

"Nggih mpun Pak, kula manut kaliyan Bapak," jawabku karo nangis.
"Yawis, kowe sayang karo Bapak ta Ndhuk, Bapak ki mung wegah yen kowe dadi wong ora nggenah kaya Enggar," akone Bapak.

Saiki aku mung nduweni Bapak karo Eyang tanpa Enggar kang marai rusak uripku amarga dheweke bocah ndhugal.

0 komentar:

Posting Komentar

Silahkan berkomentar dengan karya saya,boleh memberikan saran ataupun kritik yang membangun. ^_^

Diberdayakan oleh Blogger.

Ads 468x60px

Social Icons

Featured Posts

Labels

Kategori

Popular Posts

Pengunjung

free counters