Esuk-esuk ing kelas VIII B,panggonane "Trio Kenes" uga Ratri sinau wis padha rame. Ing dina uga "Trio Kenes" ameh gawe sedhih ing atine Ratri. Pisanan Danik mlaku ing mejane Ratri lan takon.
Sabtu, 12 Januari 2013
Senin, 21 Mei 2012
Kutut Putih
Tak gawa saka ngarep omahku
Lebar tiba kena panah swiwine
Getih lumeber ing tnganku
Yen dakbatin lara rasane
Kutut putih...
Telung sasi daktambani
Supaya bekas panahane ndang mari.
Aku mung bisa nambani nganggo godhong mlandhing
Samben esuk manggung banter
Kandhange obah diambung angin
Samben awan dideleng srengenge
Daksawang kutute wedi
Aku wegah yen kaya mangkono
Dikrangkeng tekan semono
Mbesuk yen wis mari
Banjur arep dakiculake bali
Lebar tiba kena panah swiwine
Getih lumeber ing tnganku
Yen dakbatin lara rasane
Kutut putih...
Telung sasi daktambani
Supaya bekas panahane ndang mari.
Aku mung bisa nambani nganggo godhong mlandhing
Samben esuk manggung banter
Kandhange obah diambung angin
Samben awan dideleng srengenge
Daksawang kutute wedi
Aku wegah yen kaya mangkono
Dikrangkeng tekan semono
Mbesuk yen wis mari
Banjur arep dakiculake bali
Selendang Abang
Ora leren anggone nunggu
Kesel ngancani nganti ngantuk
Eyang kakung gawe tentreming ati
Ngajari kang becik ora tau lali
Aku dipeseni supaya ora gampang nesu uga sedhih
Eyang kakung uga ora tau nyengeni
Nanging saiki eyang wus tilar
Ora ana maneh kang ngancani aku
Kancaku sinau saiki mung selendang abang
Yen dakeling-eling semelang marai kaku
Suling Lumuten
Amarga kanggone kurang apik
Dadi pamudha aja mung kakean ngomong
Ora dilakoni uga diarani blong
Suling lumuten...
Para pamudha kudune tumindak kang bener
Aja kakean tumindak ala
Yen ora kepingin diadili negara
Dadi pamudha aja kaya krupuk lan apem
Didemok sithik uwis mlempem
Kudune pamudha iku kaya pari bungkuk
Tansah anjaga sopan, santun, atine uga katon ndhungkluk
Sabtu, 19 Mei 2012
Jer Basuki Mawa Beya
Andari mangkat sekolah katon kesel amarga ngewangi Ibune dagang ndisik sakdurunge menyang sekolah. Sawise tekan sekolah banjur ditakoni marang Ismi.
" Kowe lara ta Ri ?"
" Ora kok Is, aku mung kesel mau ngewangi dagang Ibuku," jawabe Andari.
" O...ya wis yen lara menyang UKS wae ya," akone Ismi.
" Iya Is," jawabe Andari.
Andari iku pancen sregep, amben esuk wus ngewangi Ibune.
Sabanjur iku Pak Rosdiman mlebu kelas uga ndhawuhi Andari menyang kantor. Pak Rosdiman kang wis ngadeg ing ngarep lawang banjur menyang kantor bareng Andari. Sabanjure tekan kantor Andari ditakoni marang Pak Rosdiman kapan anggone mbayar SPP kang nunggak saksemester. Andari durung bisa njawab amarga durung diwenehi dhuwit marang Ibune. Pak Rosdiman banjur ngakon Andari sesuk kudu nggawa Ibune menyang sekolah.
Jumat, 18 Mei 2012
Tangise Bumi Pertiwi
Ing bumi pertiwi lemahe katon garing
Saking dene manungsa kang ngangsa
Ora bakal ngerti Gusti bakalan murka
Ing bumi pertiwi dalane akeh kang rusak
Wus bayar pajak nanging urung ana pembangunan
Saking dene manungsa akeh kang korupsi
Saknegara rasane ora dadi siji
Bumi pertiwi kepingin nangis
Akeh bocah kang ora sekolah
Bumi pertiwi kepingin nangis
Akeh pemimpin kang ora kepingin rekasa
Sore Cliring
Cemara pating gayung
Ngrungokake ombak segara kang ambyar
Titipan saka Gusti Maha Karya
Sore cliring
Angin lumaku pating semriwing
Bruweting ati samsaya ilang
Ndelengake indahing donya
Watu karang nangis ngguyu
Didilat ombak kang lumaku
Segara iki ora bakal murga
Yen kita tansah anjaga
Diberdayakan oleh Blogger.
Ads 468x60px
Social Icons
Featured Posts
Blog Archive
Tamu
Popular Posts
-
Sesorah utawi pidhato inggih menika matur wonten ing ngajengipun priyantun kathah ingkang nggadhahi ancas gumathok swasananipun. Priyant...
-
Gugon tuhon , atau yang disebut juga dengan pamali , merupakan semacam larangan ( pepali ) yang beredar di kalangan masyarakat Jawa. Umumn...
-
Andari mangkat sekolah katon kesel amarga ngewangi Ibune dagang ndisik sakdurunge menyang sekolah. Sawise tekan sekolah banjur ditakoni ma...
-
Hello World, Long Time No See :* Kali ini Vita datang setelah lama menghilang mau cerita nih, selama ini kite pergi kemana (Eh ciee ). S...
-
Ing sawijining dina, Damar njaluk pamit marang wong tuane kepingin kerja menyang Kalimantan. Atine Damar katon sedhih amarga ora tega ni...
-
Bandha pancen barang kang bisa nutup atine uwong, bandha uga bisa marakake edan, nanging yen bandha dianggo ing papan kang becik bisa dadi...
-
Tak gawa saka ngarep omahku Lebar tiba kena panah swiwine Getih lumeber ing tnganku Yen dakbatin lara rasane Kutut putih... Telung sa...
-
Uripku pancen ora duwe apa-apa, nanging aku ya mung bisa ndedonga marang Gusti Allah amarga nduweni Mamak kang sayang marang aku. Ing urip...
-
Dina iki aku entuk tugas basa jawa saka Bu Rahma. Tugas iku kudu digarap kelompok. Aku entuk jatah kelompok karo Arin, Herman, karo Johan...
-
Dina iki ing SMP Semanggi, para siswa mangkat sekolah sawise prei dawa Hari Raya Idul Fitri. Ing SMP Smanggi iku uga ana murid kang diaran...
