"Waduh....saiki malem Jemuah Kliwon ya?," takone Rahmat marang kanca-kancane.
"La genah....la ngapa ta Mat?," sambere Nur.
"Aku wingi diwedeni marang bapakku je," jawabe Rahmat.
"La medeni kepiye?," takone Doni karo ngguyu.
"Ya ngana kae....jarene bapakku yen malem jemuah kliwon ngene kiyi setan-setan pada........."
" Huss...mbok ya sing bener ta ya," sambere Nur lan ora ngenei panggon Rahmat anggone nerusake ceritane.