Selasa, 20 Maret 2012

Bayar SPP

Uripku pancen ora duwe apa-apa, nanging aku ya mung bisa ndedonga marang Gusti Allah amarga nduweni Mamak kang sayang marang aku. Ing uripku kang sedherhana iki, Mamakku sabar anggone nyawang kahanan amarga Bapak kang wus ninggalake Mamak amarga Bapak rabi marang wong wadon liyane yaiku Bulik Marni.


Lebar adus aku ndeleng kalendher, jebule wis tanggal 25 jatahe bayar SPP. Ing dina iku uga aku njaluk dhuwit marang Mamak jroning ati rada ora tega anggonku njaluk, nanging kepiye maneh Bapak ya ora duwe niat ngragati aku. Aku banjur mlayu menyang pawon nemoni Mamak.

"Mak," belukku.
"Apa Ndhuk?," jawabe Mamak.
"Mak, sakniki sampun tanggal 25 je, kula didhawuhi Bu Guru bayar SPP, Mamak gadhah arta mboten?," takonku.
"Ora Ndhuk, ngapurane, mbok ya dicoba wae njaluk marang Bapakmu, kepiye kae Bapakmu ki isih duwe kewajiban ngragati kowe," sarane Mamak.
"La Bapak sampun mboten peduli kaliyan kita kok Mak," omongku.
"Ndhuk, ora usah wedi, kabeh mbelani kowe kok, percaya ta karo Mamak" tuture Mamak.
"Nggih Mak," jawabku.

Awan iki pancen pans, nanging aku tetep mlaku menyang omahe Bapak sing anyar. Pancen sedhih ati iki ngematake Bapak sing ora kopen, awake kuru kaya ora nedha telung sasi. E...pancen wis dalane urip, aku banjur ngomong marang Bapak kekarepanku mrene arep ngapa.

"Pak," belukku mapasi Bapak neng ngarepan.
"Ngapa!," sentake Bapak.
"Mesthi arep njaluk dhuwit ta!," saka mburi Bulik Marni njawabi, nanging kepiye maneh, aku ora bisa wangsulan amarga Bulik Marni wis dadi garwane Bapak.
"Nggih Bu," jawabku.
"Kowe kuwi apa-apa mesthi dhuwit, mbok ya njaluk Mamakmu pa piye, ngapa kok isih njaluk Bapakmu," ngendikane Bulik Marni.
"Uwis...uwis menenga kabeh," akone Bapak.
"Uwis...meneng Mar!," sentake Bapak.
"Saiki karepmu kepiye Ndhuk?," takone Bapak.
"Kula nyuwun arta kagem bayar SPP Pak," omongku.
"Aku ora duwe dhuwit, saiki mendhing kowe mulih wae!," sentake Bapak.
"Nggih sampun Pak, kula pamit rumiyin," pamitku.

Aku banjur mulih lan ngomong karo Mamak, neng dalan eluhku dakampet. Bendhunganku saya saya suwe saya ciut. Sabanjure tekan ngomah aku mlebu ngomah tanpa salam, Mamak ing ngarepku daktabrak.

"Kenapa Ndhuk?," takone Mamak.
"Kula mboten mbeta Mak," jawabku.
"Nggawa apa ta?," takone Mamak maneh.
"Oalah....ya wis Ndhuk, yen pancene mangkana dicicil wae, ngapurane ya Ndhuk,"akone Mamak.
"Mboten kok Mak, kula gadhah celengan, mbok menawa cekap kagem bayar SPP," omongku.
"La jaremu arep koknggo tuku sepatu?," takone Mamak.
"Sepatu wingking mawon Mak," jawabku.
"Ya wis, yen mangkono aja sedhih maneh ya," akone Mamak.
"Nggih Mak," jawabku.

Esuke aku mbongkar celengan kucingku, aku rada ora kepenak, nanging kepiye maneh, dina iku kudu bayar SPP.

"Kucing...kowe dakpecah ya, kanggo bayar SPPku".

Pyarr...dhuwit tabunganku padha mlayu, nanging ora ngapa-ngapa kanggo bayar SPPku. Dina iku uga dakbayarake biaya SPPku.

Sabtu, 03 Maret 2012

Awakku

Ngeyel, sipat kang dakduweni tekan wayah iki. Akeh kang sengit karo aku amarga ngeyelku iku mau. Rasane kepingin nesu karo awakku dhewe nanging apa ya bisa ? Sipatku mau ya mung dakuja nganti ndadra malah nambahi perkara.

Aku kelingan dina wingi, dhewekku malh pacaran konangan marang tanggaku. Tambah perkara maneh aku, dasar ngeyel ora bisa dakbendhung, malah tanggaku kui mau crita marang Bapakku, rak ya saya modar aku.

Mulih saka pacaran iku mau Bapak malah ndelengi aku ora bisa santai. Aku rada wedi ngematake Bapak, mendhing mlipir bali mundur, yen daksauri mengko malah saya dawa urusane. Wah, mesthi rep ditakono iki, batinku.

Minggu, 19 Februari 2012

Klaras Niba

Klaras Niba...
Karo uripku ora ana beda.
Kawit cilik ditinggal seda.
Urip ijen ora ana liya.

Urip melas disrawungi tangga.
Sipate ana sing apik uga ala.
Iki pancen wis lelakon.
Kepiye-piye kudu kelakon.

Ngene iki rasane aku ora bakal lali.
Marang Gusti kang agawe urip.
Amarga tansah Maha Asih.
Padha asihe marang liyane ing donya iki.

Eluh

Mesthi tumetes ing pipiku.
Ngobati laraning batinku uga awakku.
Bapak Ibuku ora bisa ngapa-ngapa.
Amarga padha urip ing desa.

Nasib kang nggawa aku menyang mrene.
Dalane akon obah nyambut gawe mangkene.
Nanging pakryanku mung dadi TKI ing luar negri.
telung sasi durung karuan digaji.

Dadi pembantu ora ana liyane.
Bekas setrika ing tanganku kayangene.
Nangis perih ora ana gunane.
Amarga ora ana kang bisa ngrungokake.

Aku mung bisa pasrah lan ndonga marang Gusti.
Supaya lancar anggonku nglakoni pacobaning iki.
Tahun sesuk kepingin bali yen eneng rejeki.
Menyang desa kang luwih makmur uga asri.

Sabtu, 04 Februari 2012

Sing Penting Halal

Paimin kerjane dadi buruh ing kebon klapa sawit. Gajine pancen ora sepira nanging Paimin seneng karo pakaryane amarga halal uga ora marai rugi wong liyane.

"Alhamdulillah...sanajan gajiku sithik, nanging ora ngapa-ngapa sing penting halal, mendhingan dadi buruh ngene kiyi katimbang dadi pejabat kakean nyolongi dhuwite negara, mesakake sing mbayar pajek yen marai rakyat cilik rugi, hehehe," syukure Paimin.

Jumat, 03 Februari 2012

Bu Cici

Ing desa Cemara, ana ibu kang seneng mbedakake anggone seduluran, jenenge Bu Cici. Dheweke kadhangkala disengiti amarga sipate kang umuk marang apa kang diduweni. Apa maneh pas menyang acara nikahan ing ngomahe Bu Ratna sore kae, kabeh diumukake ing ngarepe wong-wong akeh.

"Iki lo, tasku iki saka Paris, import limited edition maneh alias edisi terbatas," pamere Bu Cici.
"Iya Mbak, aku percaya," jawabe Bu Ratna.
Diberdayakan oleh Blogger.

Ads 468x60px

Social Icons

Featured Posts

Labels

Kategori

Popular Posts

Pengunjung

free counters